bendhol - seri : cerita masa kecil
yen kelingan aku jaman cilik. mbiyen nyolongan banget, ukil, ngapusi wong. apa maneh yen ketemu wit krambil ijo, wis ra bakalan slamet saka incenganku. utawa ana kayu garing, mesti tak penek tak tegor nganti pernah di oyak sing nduwi wit, merga arep
dinggo dhewe. utawa maneh angger golek kayu garing kanggo masak ora entuk-entuk, biasane mlebu neng lungguh (kebun) tebu, mangan nganti wareg. nek ra ngana mbabiti wit pelem nggone tanggane. utawa jajan nggawa dhuit seket gelo, ning wis nyomot sak genggem permen ning sing diduduhna mung lima.
ana maneh critane pas aku njaili kanca sing ndugal banget. bendhol jenenge amarga sirahe pating pecothot ra karuan. ana ndesaku mbah arjo galak’e ngluwihi pitik ngarak, wayah semana ana pinggir kali, mbah arjo lagi ngguyang sapine. aku sengaja nyeraki mbah arjo karo sapine ning aku mung neng pinggir kali, bendhol ana ngarepku sak wetara 10 meter.
aku ngomong ngene “ndhol, nek tanganmu dudu kiwo kabeh mesti isa nangkep watu iki” jare aku karo nguncalke watu lumayan gedhe.
bendhol sing panas kupinge merga tak omong tangane kiwo kabeh ora tahu isa nyawat kanthi titis njur muntab mbalekna waktu sing tak balangke. aku wis ngira yen ngana. ning aku njur ndodok, ethok-ethok ngising ana pinggir kali karo tanganku dolanan banyu. pas banget watu mau ngenangi bokong sapi. Sapi mbengok karo mengkal sikil mburi. kontan mbah arjo cekengkakang ketendhang sapi.
byuuurr…… teles kecebur kali. ngertine mbah arjo aku lagi ngising ana pinggir kali, dadi ora curiga. sing diawaske langsung si bendhol kuwi mau. di oyak oyak nganti tekan adoh banget.
aku mung ngguyu “iyo mbah, bendhol cen kurang ajar mbabiti sapi sing diguyang, jantur ae mbah, blesekna kali kene”.
mbah arjo ora isa ngoyak bendhol margo umure wis tuwa. “awas, kowe mengko tak kandakke bapakmu, kene nek wani tak jewer kupingmu. Hayo, aja mblayu. Kecandhak tak tetaki ngepok kowe. “ujare mbah arjo karo bengok-bengok kentekan nafas ngoyak bendhol. dene bendhol kaweden mlayu ora wani mulih wedi ndak dikandakke bapakne.
wis, aja di gagas, iki mung crita jaman cilik. durung kenal PS2. aku saiki wis sadar, ora usil maneh. Kejaba kepepet.


August 7th, 2008 at 12:23 pm
Artinya:
Kalau teringat masa kecil. Dulu suka nyuri, usil, nipu orang. Apa lagi kalau ketemu pohon kelapa hijau, tidak bakalan selamat dari incaranku.
Atau ada kayu kering, pasti saya panjat terus saya potong. Sampai pernah waktu itu dikejar-kejar sama yang punya pohon, karena pohon itu sengaja dikeringkan untuk dipakai sendiri.
Atau lagi kalau nyari kayu bakar untuk masak tidak dapat-dapat, biasanya langsung masuk kebun tebu, makan sampai kenyang. Kalau tidak begitu, bisa juga nglemparin pohon mangga milik tetangga.
Lebih sering lagi, membawa uang limapuluh rupiah, masuk warung. Nyomot permen segenggam penuh, tapi yang disodorkan hanya lima.
Ini cerita saat aku jahil sama teman yang sok jagoan. Namanya bendhol karena kepalanya benjol sana-benjol sini tak beraturan. Di kampungku ada orang, namanya mbah arjo. Galaknya minta ampun melebihi ayam beranak.
Waktu itu, kejadian di pinggir kali, mbah arjo sedang mandiin sapinya. Aku sengaja mendekati mbah arjo dengan sapinya, tapi aku hanya dipinggir. Jaga jarak. Bendhol persis di depanku sekitar sepuluh meter.
“Ndhol, kalau tanganmu bukan kiri semua, pasti bisa nangkap batu ini”, kataku sambil melemparkan batu lumayan gedhe.
Bendhol panas telinganya saat aku bilang tangannya kiri semua (hanya pantas buat cebok), tidak pernah bisa membidik dengan tepat. Kontan marah, bendhol menangkap dan mengembalikan batu kearahku.
Aku sudah mengira bakal seperti itu. Segera aku merunduk, ambil posisi buang air besar disungai. Batu melayang diatas kepalaku, bebas tanpa hambatan menghantam pantat sapi. Sapi teriak dengan bahasa yang hanya diketahui sesama sapi tentunya, angkat kaki belakang tinggi-tinggi. Padahal, pantat si sapi itu sedang digosok oleh mbah arjo. Tepat dibelakangnya.
Byuuur….! Mbah arjo kontan kejengkang, dadanya kehantam. Tahunya mbah arjo, aku sedang nongkrong dipinggir sungai. Bendhol masih pegang sebuah batu lagi ditangan kiri. Aku ketawa “iya mbah, bendhol tuh memang kurang ajar. Sapi lagi dimandiin dilemparin batu. Kasih pelajaran mbah. Rendam aja dikali bareng sapi” kataku.
“awas, kamu! Tak bilangin bapakmu. Sini kalau berani, jangan lari. Saya jewer kupingmu. Berhenti kamu anak jelek, ketangkap sunatin sampai tuntas” mbah arjo teriak sambil ngejar bendol yang lari ketakutan.
Udah dulu ya, tak usah terlalu dipikir. Itu hanya ceritaku waktu zaman kecil dulu. Belum kenal PS-2, permainan masih alami. Nyebur kali, nangkep belut disawah, kejar-kejaran, lempar-lemparan lumpur kali. Pokoknya alami. Sekarang, aku sudah sadar koq, tidak usil lagi. Kecuali kepepet.
August 9th, 2008 at 8:27 am
Ya ampuunn… usil banget!
August 11th, 2008 at 9:22 am
Sal, tulisane entheng, kepenak yen diwaca lan menghibur. Dilebokke wae ana majalah Panyebar Semangat utawa Jaya Baya.
Salam,
B.Sugiarto
August 11th, 2008 at 12:49 pm
lita : itu ndak usil, tapi kreative. melawan orang berotot harus dengan akal. aduin lagi sama yang lebih gedhe ototnya.
mas sugiarto : sak jan-jane iku dudu crita, nanging kedadean nyata sing tak alami. wah, yen tak lebokke majalah kuatir menawa ditiru karo bocah cilikan liyane.